Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:24 - Kitab Sutji

24 Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang pangan lan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi, apadene pageblug kang ampuh, nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galak lan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:24
24 Iomraidhean Croise  

Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.


bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake, banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan, sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.


Wisaning ula bedhudhak bakal disesep, mulane iya bakal dipateni dening ilating ula.


Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar.


marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.


Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya sapi sarta ula uripe bakal saka lebu. Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Manawa aku metu menyang ing ara-ara ing kana ana wong kang padha mati, marga diprajaya ing pedhang! Manawa aku lumebu ing kutha ing kana ana wong kang padha lara kaliren! Dalah nabi lan imam padha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.”


Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.


Wong iku bakal padha mati, amarga lelara-lelara kang marakake mati, ora bakal padha dilayad lan ora bakal dikubur, bakal padha dadi rabuk ana ing pategalan, bakal padha tumpes dening pedhang lan pailan, mayite bakal padha dadi pakaning manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi.


Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahira kang ora bisa dijapani, lan bakal nyakot sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” –


Kulit kawula mengangah kados prapen, margi saking sangeting kaluwen.


Utawa manawa Ingsun ndadekake kewan galak padha saba ana ing nagara kono, kang ngentekake wong kang padha manggon ing kono, satemah nagara iku dadi sepi mamring lan ora ana wong kang wani mrono marga saka anane kewan-kewan galak mau,


Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!


Ingsun bakal ndhatengake paceklik marang sira kabeh lan kewan-kewan galak ing satengahira, kang bakal ngentekake anak-anakira; pageblug bakal nekani sira lan bakal ana getih kang mili ana ing tengahira sarta Ingsun bakal ndhatengake pedhang marang sira, Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku kabeh.”


Ingsun bakal nguculake buron alas ana ing tengahira, kang bakal mangsa anakira lan numpes raja-kayanira, ndadekake cacahira mung kari sathithik, temah dalanira dadi sepi mamring.


Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel, mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono; utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara, Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.


Kareben padha ndilat lebu kaya ula, kaya kewan kang gumremet ing bumi; kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris, sarta padha sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allah kita, kalawan gumeter, kalayan ajrih dhateng Paduka.


Pageblug lumaku ana ing ngarsane, sarta lelara panas ndherekake tindake.


Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu.


mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.


Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan