Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:22 - Kitab Sutji

22 Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:22
42 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka, saha lajeng karsaa tumedhak. Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.


Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka, ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen


Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.


Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul, kados mrambut ingkang kabur ing angin.


amargi agung sih-susetya Paduka dhumateng kawula, saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak.


Geni lumaku ana ing ngarsane, lan nggesengake satrune ing sakiwa-tengene.


Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat, lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman; awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna, lan manungsa bakal mung kari sathithik.


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.


Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira, ana ing nagara kang ora sira sumurupi, amarga bebenduningSun wus metokake geni, kang mulad-mulad ngenani sira.”


Sira bakal kelangan tanah-pusakanira kang wus Sunparingake marang sira lan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhira ana ing nagara kang durung sira sumurupi, amarga ing sajroning bebenduningSun genine wus murub kang bakal mulad-mulad ing salawase.”


Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah, lan ikuting atinira buwangen, he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem, supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni, lan murub makantar-kantar, lan ora ana wong kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”


Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub, ora nganggo pinaringan sih-piwelas. Panjenengane ing sajroning bramatyane nggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda. Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumi lan didamel sawiyah-wiyah.


Marga saka mulad-mulading bebendune, sakehe sungune Israel padha dipokahi, nalika mungsuh wus cedhak Pangeran ngingkedake astane tengen, Panjenengane mbesmi Yakub kaya geni kang mulad-mulad kang mangsa ing sakubenge.


Pangeran menthang gandhewane kaya mungsuh, lan ngacungake astane tengen kaya satru, mateni sakabehe kang nengsemake pandeleng kang ana ing tarube putri Sion, bebendune kaesokake kayadene geni.


Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane, ngesokake bebendune kang mulad-mulad, sarta wus nyumed geni ana ing Sion kang mangsa dhasar-dhasare.


Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.


Ingsun bakal nglempakake sira kabeh lan banjur Sunsemprot kalawan genining dedukaningSun, satemah sira padha kalebur ana ing sajroning pawon iku.


marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek.


ing sajrone bentering panggalihingSun lan ing sajrone mulad-mulading bebenduningSun, Ingsun bakal ngandika: Ing dina iku mesthi bakal ana lindhu kang nggegirisi ing tanah Israel.


temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.


Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah, temah bakal urip, supaya Panjenengane aja nganti ngrawuhi turune Yusuf kaya geni, kang bakal mangsa nganti entek, Betel ora ana kang nyirepake genine.


Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek.


Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane lan lebak-lebak padha bengkah kaya malam cedhak geni, kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.


redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter, bena langkung kalayan swanten gumrojog, samodra nyuwanten, saha njunjung tanganipun.


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


Mulane sira padha ngentenana marang Ingsun – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, ing dina Ingsun karsa jumeneng dadi saksi. Marga putusaningSun iku ngempalake para bangsa lan nglempakake karajan-karajan, kang banjur Sunesoki bramatyaningSun, yaiku bebenduningSun kabeh kang mulad-mulad, sabab salumahing bumi bakal kamangsa dening genining butajenganingSun.”


Kaya mangkono wong-wong mau urip-uripan padha kacemplung ing jagade wong mati dalah wong sagrombolane kabeh; banjur kasasaban ing bumi, padha tumpes sirna saka ing satengahing pasamuwan.


Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.


Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.


Sarta manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowe lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungake ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.


Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”


Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;


lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan