Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:21 - Kitab Sutji

21 padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah; padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane. Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat, lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:21
31 Iomraidhean Croise  

Nanging wong Yehuda padha nglakoni apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah tuwin padha gawe bentering panggalihe marga dosa kang dilakoni iku ngungkuli kabeh kang ditindakake dening para leluhure.


Sarehne sira wus nglakoni panggawe ala ngluwihi sakehe wong sadurunge sira tuwin wus gawe allah liyane lan reca-reca cithakan, temah sira gawe gerahe panggalihingSun, malah sira wus ngungkurake Ingsun,


marga saka sakehing dosa kang wus dilampahi dening Sang Prabu Baesa lan Sang Prabu Ela, kang putra, kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah padha damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.


Sugenge nulad sakehe solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat lan dosane Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.


ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,


Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.


Malah panjenengane misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, olah ngelmu pameca lan petungan, apadene remen lelayanan karo para prewangan lan para juru nujum. Akeh pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe.


amarga padha ninggal Ingsun, lan padha nyaosake kurban kang kaobong marang allah liyane, kang sedyane gawe gerahing panggalihingSun, sarana sakehing gegaweaning tangane. Awit saka iku bebenduningSun benter mangalad-alad marang panggonan iki lan ora bakal sirep-sirep.


Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka; dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.


padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.


suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSun tansah ana ing ngarsaning paningalingSun, kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewa lan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;


Brahala iku kabeh bodho lan gemblung, piwulange dewa iku tanpa guna, awit iku mung kayu walaka.


Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa, ingkang tanpa gina punika, punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah? Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres? Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah, Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya?


Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun, padha ngobong kurban kanggo para dewa kang tanpa guna, padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe, yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna, lan menggok ing dalan simpangan, yaiku dalan kang ora diwarata.


Apa ana bangsa kang ngijolake allahe, sanadyan iku satemene dudu allah? Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhurane karo kang ora ana gunane.


Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku? Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun, lan padha supata demi kang dudu allah. Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang, lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.


Bocah-bocah padha ripik-ripik kayu, bapakne padha daden geni sarta kang wadon padha ngulet jladren kanggo olah panganan, sesajen bakal katur marang ratuning langit, lan wong padha ngecurake sajen omben-omben marang allah liyane, kanthi sedya gawe gerahing galihingSun.


Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?


Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.


Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan ing Roh Suci, sami kadosdene kita kala rumiyin.


“Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.


Nanging aku takon maneh: Apa kirane bangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik ana pangandikane Nabi Musa mangkene: “Ingsun bakal nenangi kumerenira marang kang dudu umat, sarta nenangi nepsunira marang bangsa kang bodho.”


kaya kang wus dipangandikakake uga ana ing kitabe Nabi Hosea, wiraose: “Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut umatingSun, lan kang dudu kekasih, iku Sunsebut kekasih.”


Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?


Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane; nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;


padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah, marang allah kang padha ora diwanuhi, allah anyar kang lagi bae jumedhul, kang ora diwedeni dening para leluhurmu.


Aja nyleweng ngetutake dewa kang tanpa guna, lan ora ana paedahe, sarta kang ora bisa mitulungi kowe, amarga kabeh iku ora ana nyatane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan