Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:2 - Kitab Sutji

2 Piwulangku muga tumetes kaya udan, tembungku tetesa kaya ebun, kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi, kaya udan deres nibani tetuwuhan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:2
14 Iomraidhean Croise  

sumunar kadi bangbang wetan ing wayah esuk, wayah esuk ora ngemu mendhung, kang sawuse udan marakake suket nom ing bumi keclap-keclap.


Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:


Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan, sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!


awitdene piwulang kang becik kang dakwenehake marang kowe, aja padha ninggal marang pituduhku.


Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih, marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.


He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira? He Yehuda, sira bakal Sunkapakake? Sih-susetyanira kaya pedhu esuk, kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.


Anadene saiki kowe ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah! Pangucapmu: Kowe aja medhar wangsit nglawan Israel, lan aja ngucapake tetembungan nglawan marang turune Iskak.


Anadene kekarene Yakub bakal dumunung ing antarane bangsa akeh, kaya ebun saka Sang Yehuwah, kaya tetesing udan ing thethukulan, kang ora njagakake marang wong, lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.


Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh, kaya singa ana ing antarane sato alas, kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus; menyanga ngendi bae parane, mbanting lan nubruk, lan ora ana kang bisa nguwalake.


Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasan! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.


Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan