Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula, ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka, sarta kawula ngantos-antos.
Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.
Apa gawene kekasihingSun ana ing padalemaningSun, dheweke rak wus nindakake rancangan-rancangane kang ala ta? Nadar-nadar lan daging suci apa bisa nyingkirake bilai saka sira, temah sira bisa bungah-bungah?
Panggedhening prajurit pengawal iku wus nimbali Nabi Yeremia lan banjur ngandika: “Sang Yehuwah, Gusti Allah sampeyan sampun ngancam badhe ndhatengaken bilai tumrap panggenan punika,
Tarube piyambak karusak kaya kebon, papan masamuwane kabubrah. Ana ing Sion Pangeran Yehuwah wus damel laline wong marang riyaya lan sabat, raja lan imam wus padha ditampik, marga saka bramatyane.
Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.
Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak; – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah –: “Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.”
Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.