Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:18 - Kitab Sutji

18 Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake, lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:18
19 Iomraidhean Croise  

Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane, kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;


Unjuke mangkene: “Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!


Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan; wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)


Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira, lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira. Mulane sanadyan sira yasa taman kang endah kang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?


Prawan apa bisa lali marang rerenggane, utawa penganten wadon marang udhete? Nanging umatingSun lali marang Ingsun wiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase.


Rungokna! Ing tengger-tengger kang gundhul keprungu tangis pasambate anak-anake Israel, amarga padha milih dalan kang nasar, lan wus padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.


Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton; Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa, nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane, kang mangsa kadhaton nganti ludhes.


Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.


Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjenengane iku bener lan adil.


nuli dingati-ati aja nganti lali marang Sang Yehuwah kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.


Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;


Nanging saupama kowe lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngetut-buri lan ngabekti sarta sujud nyembah marang allah liyane, ing dina iki kowe dakelingake, yen mesthi bakal padha tiwas;


Nanging banjur padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan Panjenengane ngulungake para leluhurmu marang ing tangane Sisera, sena patine wadyabala ing Hazor, lan marang ing tangane bangsa Filisti lan ratu ing Moab kang padha nglurugi perang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan