17 padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah, marang allah kang padha ora diwanuhi, allah anyar kang lagi bae jumedhul, kang ora diwedeni dening para leluhurmu.
Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”
Sira aja gumeter lan aja wedi, awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira. Sira kabeh iku kang padha dadi seksi-seksiningSun! Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun? Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane!”
Amarga para wong iku wus nyingkur Ingsun, ngwenehi papan marang allah ngamanca lan wus ngobong dupa kanggo allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, apadene para leluhure lan para raja ing Yehuda. Panggonan iki kebak getihe wong kang ora duwe kaluputan.
Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.
Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.
Mungguh bab mangan daging sesajening brahala, kita padha sumurup: “yen brahala iku ora ana ing jagad, lan ora ana Allah liyane kajaba Gusti Allah kang asipat tunggal.”
Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.
padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah; padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane. Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat, lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.
Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan
Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane: ora mareni anggone padha nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala mas, salaka, tembaga, watu apadene kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.
Nalika wong padha milih allah anyar, banjur tuwuh perang ing ngareping gapura, lan tameng utawa tumbak ora katon ana ing tengahe wong patang puluh ewu ing Israel.