PANGANDHARING TORET 32:15 - Kitab Sutji15 Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone. Faic an caibideil |
Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.
Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.
Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.