Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:14 - Kitab Sutji

14 kaniling puwane sapi lan puwane wedhus, karo gajihing cempe lan wedhus gembel lanang saka ing Basan, apadene wedhus berok, kalawan gandum pilihan, sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:14
22 Iomraidhean Croise  

Sawuse iku mundhut mertega lan susu, karo pedhet kang wus didhawuhake ngolah mau, diladosake marang tamune. Rama Abraham ngadhep tamune ana sangisore wit kono nalika tamune padha dhahar.


Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggur lan belone ana ing wit anggur pilihan. Sandhangane dikumbah nganggo anggur lan jubahe ing duduhe woh anggur.


madu, kaniling powan, wedhus-wedhus, lan keju sapi, kagem dhahar Sang Prabu Dawud lan sapandhereke, amarga pangucape: “Wong iku ana ing pasamunan mesthi padha sayah lan luwe.”


Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.


Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.


Wus ora diparengake oleh kasenengan saka kali-kali lan saka ing kali-kali kang mili madu lan susu.


nalika tapaking sikilku adus susu, lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.


Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu, maregi kowe kalawan pepethinganing gandum.


Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula, amargi kasisahan sampun celak, mangka boten wonten ingkang mitulungi.


Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane, lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.


Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae,


lan margi saking kathahing wedalipun susu, tiyang-tiyang lajeng badhe nedha kanil; lah kanil kaliyan maben badhe dipun tedha ing saben tiyang ingkang taksih wonten ing salebeting nagari.


Daginge para pahlawan kang bakal sira pangan lan getihe para panggedhening jagad kang bakal sira ombe; iku kabeh kayadene wedhus gembel lanang, cempe wedhus gembel, wedhus jawa lanang lan sapi lanang, raja-kaya lemon saka ing Basan.


Sungendeng kalawan talining kasetyaan, iya kalawan tetalenaning katresnan. Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange, Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.


“Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.


Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka, inggih menda kagungan Paduka piyambak, ingkang sami kepencil manggen ing wana, ing satengahing kebon wowohan, mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead, kados nalika ing jaman rumiyin.


Sakehe lenga pilihan lan anggur pilihan apadene gandum, iya wiwitaning pametu kang padha disaosake marang Sang Yehuwah, iku Sunparingake marang sira;


“Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,


Lan wohe wit anggur mau tumuli dipipit ana ing sajabaning kutha, lan saka ing pamipitan iku ana getih mili, kang jerone nganti tutug ing kendhalining jaran, lan dohe rong atus mil.


Kang dipundhut priyagung iku banyu, nanging puwan kang dicaosake, kang kasegahake kanil puwan ana ing mangkok kang adi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan