13 Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,
Wong iku padha ora kasatan, nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun; Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang. Gununge parang kebengkah banjur metu banyune.
sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah, tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumi kalawan tetungganganing kaunggulan; sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub, sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.
Dadine sira nganggo rerenggan emas lan salaka, sandhanganira mori alus lan sutra apadene panganggo kang mawa warna; sira dadi ayu linuwih, satemah pantes dadi ratu.
Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”
tuwin kang wus ngirid lakumu ngliwati pasamunan kang amba lan nggegirisi, panggonan ula mandi lan kalajengking, kang tanahe garing tanpa banyu. Panjenengane kang damel metune banyu saka ing gunung parang kang atos kanggo kowe;