Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:12 - Kitab Sutji

12 kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune, ora ana allah liyane kang mbarengi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:12
19 Iomraidhean Croise  

Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.


nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau, lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.


Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane.


Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka, sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin margi saking wontenipun mengsah kawula.


ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.


Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur.


He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira; he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.


Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.


kadosdene raja-kaya ingkang tumurun ing lebak. Rohipun Sang Yehuwah nuntun dhateng ing palereman. Inggih makaten punika anggen Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken.


Sungendeng kalawan talining kasetyaan, iya kalawan tetalenaning katresnan. Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange, Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.


apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.


Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.


Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan