Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:10 - Kitab Sutji

10 Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan, ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan, banjur diamping-ampingi, direksa prasasat maniking paningale.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:10
25 Iomraidhean Croise  

Sang Haman tumuli cariyos marang Zeresy kang garwa lan marang para mitrane apa kang mentas kelakon. Para mitrane kang wasis wicaksana sarta kang garwa Zeresy, padha matur mangkene: “Manawi Mordekhai punika panunggilanipun bangsa Yahudi, mangka panjenengan sampun dhawah wonten ing ngajengipun, mesthi panjenengan boten kuwawi nglawan piyambakipun, malah badhe dhawah babar pisan wonten ing ngajengipun.”


Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe, padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane.


Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat, sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:


Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip, lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu.


Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku, amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira, nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


Ora ana siji-sijia kang ngrasa welas marang sira kang banjur nandukake iku mau marang sira marga saka anggone kadunungan rasa welas; sira malah nuli kabuwang menyang ing ara-ara, amarga nalika lairira kaanggep tanpa aji dening wong.


Kayadene anggoningSun prakaran kalawan leluhurira ana ing ara-ara samun ing tanah Mesir, iya kaya mangkono anggoningSun bakal prakaran kalawan sira kabeh – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –


Mangka Ingsun kang netah marang Efraim, Ingsun kang mbopong, ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake.


Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan, tanah kang banget panase.


Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.


Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –


sarta sumurup kang dadi karsane, lan marga kawulang ing angger-anggering Toret, bisa sumurup endi kang becik sarta endi kang ala,


Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan