Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:1 - Kitab Sutji

1 “Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan, lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:1
12 Iomraidhean Croise  

Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.


Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur, lan marang bumi prelu ngadili marang umate:


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa! Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.


He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku, ndhredhega lan gumetera kang luwih banget, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He nagara, nagara, nagara! Rungokna pangandikane Sang Yehuwah.


He bumi, tilingna! Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki, minangka wohing rancangane wong-wong iku, amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun.


Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,


Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.


Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.


Nabi Musa banjur nglairake kidung iki ing sapangrungune wong Israel sapasamuwan kabeh nganti satamate.


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan