Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 31:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 31:3
19 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Lah ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah bakal nunggil karo kowe lan kowe bakal padha diulihake menyang tanahe leluhurmu.


Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.


Anadene Sang Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan, marga wus ditumpangi asta dening Nabi Musa, mulane wong Israel padha manut marang Sang Yusak, sarta netepi dhawuhe Pangeran Yehuwah kang wus diprentahake dening Nabi Musa.


“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


mangkene: “AbdiningSun Musa wus mati, mulane ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yarden iki, sira dalah sabangsa iki kabeh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingake marang wong-wong iku, yaiku marang wong Israel.


Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikakake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.


Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.


Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan