Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:9 - Kitab Sutji

9 Ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngluberake kadarmane marang kowe tumrap sabarang kang koklakoni, iya kang arupa wohing wetenganmu, lan wohing raja-kayamu sarta pametuning palemahanmu; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal karenan ing galih marang kowe maneh marga saka kabegjanmu, kaya biyen anggone karenan ing galih marang para leluhurmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:9
19 Iomraidhean Croise  

Kowe ora bakal diarani maneh “kang ditinggal ing bojo”, tuwin nagaramu ora bakal kasebut maneh “kang sepi”, nanging kowe bakal diarani “kang ndadekake keparengingSun” lan nagaramu “kang duwe bojo”, amarga kowe wus ndadekake keparenging Sang Yehuwah, lan nagaramu bakal duwe bojo.


Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan, mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu, lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon, mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe.


Ingsun bakal surak-surak marga saka Yerusalem, sarta girang marga saka umatingSun; ing kono bakal ora keprungu maneh swaraning tangis lan swaraning pasambat.


“Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, Ingsun bakal ngluberi gotrahe Israel lan Yehuda klawan wiji manungsa lan kewan.


Kayadene ing maune Ingsun cepak-cepak nedya mbedhol lan ngebrukake para wong iku, supaya bubrah, rusak lan cilaka, kaya mangkono uga Ingsun karsa mbangun lan nenanem. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.


Karodene Ingsun bakal paring tentrem tata raharja ana ing tanahira, temah sira bakal padha turu kalawan ora ana kang gawe kagetira. Ingsun bakal nyirnakake sarupane kewan galak saka ing nagara kono, apadene nagaranira bakal ora kambah ing pedhang.


Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe,


Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”


Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.


Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.


Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.


Anadene kowe bakal ngestokake dhawuhe Sang Yehuwah, maneh sarta nglakoni sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.


Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan