Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:7 - Kitab Sutji

7 Dene sakehe sumpah iku mau bakal didhawahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang mungsuhmu lan marang para kang nyengiti kowe, kang wus padha ngoyak-oyak marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:7
28 Iomraidhean Croise  

Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.


Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.


Amarga kutha kang sinebut manut asmaningSun iku, bakal wiwit Sundhawahi wewelak; apa sira bisa oncat saka paukuman? Sira padha ora bakal bisa oncat saka paukuman, amarga Ingsun wus ngagagake pedhang marang sakehing wong ing salumahing bumi. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi –.


Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe, lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan; wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan, lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,


Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur! Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan,


Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Edom telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang, sarta ora ngatonake kawelasane, malah nepsune direndhem terus, lan panasing atine disimpen salawase,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane bani Amon telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead, karepe arep ngelar wewengkone dhewe.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Damsyik telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun: sarehne wus padha nindhes Gilead, nganggo pleredan panuton wesi,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Gaza telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngangkatake wong sabangsa kabeh menyang ing pambuwangan, kang banjur padha diulungake marang Edom,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,


Marga saka panganiaya kang sira tandukane marang sadulurira Yakub, sira bakal kataman ing wirang lan bakal kasirnakake ing salawase.


Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.


Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”


Lagi mendhak njerum kaya singa lanang, iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake? Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah, lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”


Anadene kowe bakal ngestokake dhawuhe Sang Yehuwah, maneh sarta nglakoni sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.


Karodene Pangeran Yehuwah bakal ngedohake kowe saka sarupane lelara, lan kowe ora bakal kecandhak ing memala kang nggegirisi kang tau koksumurupi ana ing tanah Mesir. Nanging iku bakal diganjarake marang sakehe wong kang sengit marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan