Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:5 - Kitab Sutji

5 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:5
9 Iomraidhean Croise  

Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.


Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.


Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda – pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.”


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan