PANGANDHARING TORET 30:3 - Kitab Sutji3 ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Faic an caibideil |
Sarta padha munjuka: “Kawula mugi sami Paduka luwari, dhuh Yehuwah Allah, juru-Wilujeng kawula sadaya, saha karsaa ngempalaken kawula sadaya punapa dene karsaa nguwalaken saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula lajeng sami ngunjukaken panuwun dhumateng asma Paduka ingkang suci, saha supados ageng manah kawula ing salebeting panggunggung-nggugung dhumateng Paduka.”
Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.