Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:2 - Kitab Sutji

2 sarta manawa kowe bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mau, lan ngestokake dhawuhe miturut kaya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, dadia kowe dadia anak-anakmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:2
27 Iomraidhean Croise  

Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


Wong sabangsa padha bungah marga saka anggone padha urun kalawan legawaning ati mau, awit kalawan gumolonging ati anggone padha nyaosake pisungsung manasuka marang Pangeran Yehuwah; Sang Prabu Dawud uga rena banget ing panggalih.


Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”


Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.


Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengete sarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,


manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka, supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.


Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula, punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.


Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira,


Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”


He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?


Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane.


Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.


Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake.


Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


pangajake nabi utawa wong olah impen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.


Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.


Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan