Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:16 - Kitab Sutji

16 marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:16
15 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.


He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,


Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.


Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”


Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.


Nanging manawa atimu mungkur lan ora ngestokake dhawuhe, malah kagendeng nganti sujud lan ngabekti marang allah liyane,


Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.


Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan