Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:15 - Kitab Sutji

15 Elinga, ing dina iki aku wus nggelarake bab urip lan karahayon, bab pati lan kasangsaran,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:15
18 Iomraidhean Croise  

nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”


Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati.


Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.


Nanging para kawula ing kene padha sira warahana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun nedahake marganing urip lan pati.


Nanging sanadyan aku wus nyumurupake marang kowe ing dina iki, ewadene kowe ora ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku ora miturut marang sakehing pangandikane kang dakterusake marang kowe.


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum.


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


Lah ing dina iki kowe padha dakkon milih, berkah apa laknat.


“Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,


Nanging pangandika iku cedhak banget karo kowe, yaiku ana ing cangkemmu lan ing atimu, supaya katindakake!


Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan