PANGANDHARING TORET 30:13 - Kitab Sutji13 Lan iya ora ana ing sabrange sagara, saupama mangkonoa pangucapmu mesthi mangkene: Sapa kang bakal nyabrang menyang ing sabrange sagara, njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni? Faic an caibideil |
Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”
Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”
Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”