Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 30:10 - Kitab Sutji

10 Iku manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanthi netepi pepaken lan katetepane kang padha katulisan ana ing kitab Toret iki, sarta manawa kowe mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 30:10
17 Iomraidhean Croise  

Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.


Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.


Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! – nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,


Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.


Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.”


Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.


Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,


Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.


Sang Yehuwah bakal misahake wong iku saka ing sakehe talere Israel supaya kataman ing bilai, ngetrepi sumpah prasetyan kang katulisan ana ing kitab Toret iki.


“Awitdene pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, iku ora kaboten tumrap kowe lan iya ora kadohen,


sarta manawa kowe bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mau, lan ngestokake dhawuhe miturut kaya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, dadia kowe dadia anak-anakmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,


Anadene kowe bakal ngestokake dhawuhe Sang Yehuwah, maneh sarta nglakoni sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.


Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.


Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan