PANGANDHARING TORET 30:1 - Kitab Sutji1 “Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, Faic an caibideil |
Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”
Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.
Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.