Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.
Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.
Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul, lan ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Allah, awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku, mudhuna mrene saka ing gunung Libanon; mudhuna saka ing pucake gunung Amana, saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon, saka guwa-guwaning singa, lan pagunungan panggonaning macan tutul!
Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.