8 Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;
Geber bin Uri ing tanah Gilead ngwasani tanahe Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan tanahe Sang Prabu Og, ratu ing Basan; mung siji iku kang dadi kepala-dhaerah kang ana ing tanah kono.
Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.
Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul, lan ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Allah, awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar.
Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.
Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,