Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:5 - Kitab Sutji

5 Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:5
8 Iomraidhean Croise  

Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.


Mulane tumrap wong Yahudi ing padesan, lan kang padha manggon ora nganggo balowarti, tanggal ping patbelas ing sasi Adar iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan sarta dina sukarena tuwin dina kirim-kiriman paweweh.


Amung kemawon bangsa ingkang ngenggeni nagari punika sami prakosa, saha kitha-kithanipun kiyat santosa saha langkung dening ageng, punapa malih wonten ing ngriku kula inggih sami sumerep turunipun Enak.


Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.


Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.


Kabeh kang manggon tumuli padha kita bengkas, kaya kang wus kita tandukake marang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; wong isine saben kutha padha kita tumpes kabeh, iya wong lanang iya wong wadon dalah bocah-bocahe;


Marga saka pracaya baluwartine kutha Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitung dina lawase.


Mangkono uga tikus-tikusan emas, manut cacahe sakehing kutha-kuthane wong Filisti, kagungane para ratu-kutha lelima iku, iya kutha kang abebeteng iya desa-desa ing saubenge; dene watu gedhe kang ditumpangi pethine Sang Yehuwah ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes mau, iku dadi seksi tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan