Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:4 - Kitab Sutji

4 Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:4
10 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;


Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi.


Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. – Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim –.


Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.


Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.


tanahe banjur diejegi, mangkono uga nagarane Prabu Og, ratu ing Basan, karo-karone ratune wong Amori ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan.


Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan