Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:28 - Kitab Sutji

28 Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:28
18 Iomraidhean Croise  

Sawuse iku kang putra Pangeran Suleman banjur katimbalan lan kaparingan dhawuh piweling supaya yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,


Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.


Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.


Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.


Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.


Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


mangkene: “AbdiningSun Musa wus mati, mulane ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yarden iki, sira dalah sabangsa iki kabeh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingake marang wong-wong iku, yaiku marang wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan