Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:27 - Kitab Sutji

27 Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:27
9 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”


Bileam banjur dibekta menyang ing Ara-ara Panelikan, ing pucake gunung Pisga; Sang Prabu Balak tumuli yasa misbyah pitu, lan ing saben misbyah kakurbanake sapi lanang nom siji sarta wedhus gibas lanang siji.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung Abarim iki, nuli nyawanga marang tanah bakal peparingingSun marang wong Israel.


Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.


Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.


“Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.


Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan