Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:26 - Kitab Sutji

26 Nanging Pangeran Yehuwah duka marang aku marga saka kowe, lan ora nyembadani panyuwunku, malah aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Wis cukup, sira aja munjuk maneh marang Ingsun bab prakara iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:26
15 Iomraidhean Croise  

“Mangkata, sira matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Dudu sira kang bakal ngedegake padaleman kagem Ingsun, kang bakal Sundalemi.


Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”


Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”


Mungguh bab iku aku wus kaping telu ngaturake panyuwun marang Gusti, supaya kongkonane Iblis iku sumingkira saka aku.


Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.


Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.


Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan