Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:24 - Kitab Sutji

24 Dhuh Pangeran Allah, Paduka sampun miwiti ngatingalaken kaluhuran Paduka saha asta Paduka ingkang kuwaos dhateng abdi Paduka, awitdene ing swarga miwah ing bumi, punapa wonten allah malih ingkang saged nindakaken pandamel ingkang prakosa kados Paduka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:24
25 Iomraidhean Croise  

Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.


awit temtu badhe wonten tiyang ingkang kepengin mirengaken bab asma Paduka ingkang ageng saha bab asta Paduka ingkang santosa saha lengen Paduka ingkang Paduka acungaken – saha dhatengipun wau prelu ndedonga wonten ing padaleman punika,


kambi munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel! Ing swarga saha ing bumi boten wonten allah ingkang kados Paduka; Paduka ingkang nglestantunaken prajanjian saha sih-susetya dhumateng para abdi Paduka ingkang gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan gumolonging manah;


Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.


Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih, tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?


Pangeran Yehuwah punika agung sarta sanget pinuji-puji kaluhuranipun punika boten saged jinajagan.


Tiyang kathah sami badhe nggiyar-nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi, sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken.


Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!


Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka, ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlarat saking tanganipun ingkang ngrampog?”


Kaadilan Paduka punika sundhul ing langit, dhuh Allah, Paduka ingkang sampun nindakaken prakawis-prakawis ingkang ageng, dhuh Allah, sinten ingkang kados Paduka?


Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka, sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka.


Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci.


Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.


Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan.


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.


Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.


Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa, lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane?


Ingsun iki arep sira padhakake sapa kang kaya-kaya dadi pepadhaningSun? Mangkono pangandikane Kang Mahasuci.


Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah! Paduka punika agung lan asma Paduka agung margi Paduka punika prakosa.


Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.”


Awitdene boten wonten japa-mantra ingkang saged tumama dhateng Yakub, utawi tenung ingkang saged tumama dhateng Israel. Dumugi ing wekdalipun, Yakub badhe dipun cariyosi, makaten ugi dhateng Israel, kaelokan ingkang katindakaken dening Gusti Allah.


Saiki kowe padha sumurup – kang daktuturi iku dudu anak-anakmu, kang padha ora ngerti lan padha ora weruh marang pamerdine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu –, kaluhurane astane kang rosa lan lengen kang kaulukake,


“Ing waktu samana aku iya nyuwun sih-piwelas marang Sang Yehuwah, unjukku:


Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake: Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan