PANGANDHARING TORET 3:21 - Kitab Sutji21 Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi. Faic an caibideil |
nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.
yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.