Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:18 - Kitab Sutji

18 Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:18
18 Iomraidhean Croise  

Karodene pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram maneh: “Ingsun iki Yehuwah kang wus ngirid sira metu saka Ur-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah iki dadi darbekira turun-tumurun.”


Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane.


Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.


“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.


Dadi ing antaramu aja nganti ana wong miskin, marga Sang Yehuwah mesthi bakal ngluberake berkahe marang kowe ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi tanah-pusakamu;


“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”


kowe banjur miliha kutha telu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang kokejegi iku.


Mulane kowe dakprentahi mangkene: Mijekna kutha telu.


“Saupama ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu, ana wong mati marga dipateni ana ing ara-ara, tanpa kaweruhan sapa kang mateni,


Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”


Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.


“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,


Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”


“Kowe padha midera ing pakemahan lan wong-wong padha prentahana mangkene: Padha cawisna sangumu, amarga ing sajroning telung dina kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden iki, lan banjur ngejegi nagara kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe dadi darbekmu!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan