Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:17 - Kitab Sutji

17 sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:17
16 Iomraidhean Croise  

Lut nuli ndeleng lan sumurup yen tanah ngare saurute bengawan Yarden iku loh jinawi. Sadurunge Sang Yehuwah nggempur Sodom lan Gomora, memper patamanane Sang Yehuwah, iya kaya tanah Mesir tekan ing Zoar.


Para ratu iku padha sabiyantu lan ngempal ana ing lebak Sidim yaiku Segara Uyah.


Panjenengane mangsulake wilayah Israel, wiwit dalan kang lumebu menyang Hamat, nganti tekan ing sagara Araba, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaparingake lumantar Nabi Yunus bin Amitai saka ing Gat-Hefer.


Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,


Bileam banjur dibekta menyang ing Ara-ara Panelikan, ing pucake gunung Pisga; Sang Prabu Balak tumuli yasa misbyah pitu, lan ing saben misbyah kakurbanake sapi lanang nom siji sarta wedhus gibas lanang siji.


Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.


dalah ing saindenge tanah warata ing sabrange bengawan Yarden, ing sisih wetan nganti tekan ing tlagane sagara Araba, ing sikile gunung Pisga.


tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.


lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.


watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,


Watese sisih wetan Telaga Asin tutug ing sungapane bengawan Yarden, watese sisih lor iku wiwit ing teluk ing sungapane bengawan Yarden mau.


Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.


Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.


banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan