Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:14 - Kitab Sutji

14 Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:14
14 Iomraidhean Croise  

Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.


Pangeran Absalom wus lolos lan ngungsi marang kratone Prabu Talmai bin Amihud, ratu ing tanah Gesur. Lan Sang Prabu Dawud nandhang sungkawa pirang-pirang dina marga saka putrane mau.


Senapati Yoab banjur tindak menyang ing Gesur lan ndherekake Pangeran Absalom kondur menyang Yerusalem.


Sang Ira wong Yair iya dadi imame Sang Prabu Dawud.


Elifelet, anake Ahasbai wong ing Maakha; Eliam, anake Akhitofel, wong ing Gilo;


putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,


Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati, para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng, lan bandhane ditinggalake marang wong liya.


tumuli padha nemoni Sang Gedalya mau ana ing Mizpa, yaiku: Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, para putrane Sang Efai wong Netofa lan Sang Yezanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake wadya-balane.


Anadene Yair bin Manasye iku tumuli nglurug lan ngrebut desa-desane, banjur dijenengake Hawot-Yair.


Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. – Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim –.


Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.


wengkone ngacaki ing gunung Hermon, ing Salkha lan ing satanah Basan kabeh tutug ing dhaerahe wong Gesur lan wong Maakha, apadene saparone tanah Gilead tutug ing tlatahe Prabu Sihon, ratu ing Hesybon.


Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan