Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:12 - Kitab Sutji

12 “Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:12
10 Iomraidhean Croise  

ing sawetane bengawan Yarden, sawewengkone tanah Gilead karebut kabeh, tanahe wong Gad, wong Ruben lan wong Manasye, wiwit saka ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, iya tanah Gilead, iya tanah Basan.


Makhir bin Manasye mau banjur diparingi tanah Gilead dening Nabi Musa sarta iya banjur dienggoni.


Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.


Satekamu ing panggonan kene, banjur padha dilurugi perang dening Prabu Sihon, ratu ing Hesybon lan Prabu Og, ratu ing Basan, nanging iku padha kita gecak,


sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.


Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. – Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim –.


Wiwit saka ing Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon tekan ing gunung Siryon, yaiku gunung Hermon,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan