Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 3:11 - Kitab Sutji

11 Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 3:11
15 Iomraidhean Croise  

nalika nyandhak patbelas taune, Sang Prabu Kedorlaomer karo para raja kang mbiyantu padha nggecak bangsa Refaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim


Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.


Ing nalikane gumantining taun ing mangsane para ratu padha nglurug perang, Sang Prabu Dawud ngutus Senapati Yoab mangsah sawadyabalane lan bala Israel kabeh. Banjur numpes bani Amon lan ngepung kutha Raba, dene Sang Prabu Dawud piyambak kantun ana ing Yerusalem.


Senapati Yoab andon perang nglawan Raba, kuthane bani Amon lan mbedhah kuthane krajan.


Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.


Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah.


Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba, kang mangsa kadhatone nganti entek, binarung ing suraking paprangan, lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara,


Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.


bangsa iku dikira bangsa Refaim kaya bangsa Enak mau, nanging wong Moab ngarani bangsa Emim.


Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;


Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,


iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.


Dene baluwartine diukur tinemu satus patang puluh papat asta, manut ukurane manungsa, kang iya dadi ukurane malaekat.


Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan