10 sakehe kutha ing tanah warata kang dhuwur, tlatahe Gilead sarta satanah Basan kabeh, tekan ing Salkha lan Edrei, kutha-kuthaning karajane Prabu Og ing Basan.
Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;
Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.
tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;
kang dadi dhaerahe: wiwit saka ing Mahanaim: satanah Basan kabeh, krajane Prabu Og kabeh, ratu ing nagara Basan, lan wewengkone Hawot-Yair kabeh, kang ana ing Basan kono, cacahe kuthane sawidak,
sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.