Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 29:9 - Kitab Sutji

9 Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 29:9
19 Iomraidhean Croise  

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Ing nalika iku wong Yehuda kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dalah brayate kalawan anak bojone kabeh.


Saben arep miwiti pakaryan kang lumadi marang padalemaning Allah, lan kang tumuju marang tumindaking Toret lan pepakening Allah, panjenengane ngupadi marang Gusti Allahe. Samubarang kabeh dilampahi kalawan gumolonging panggalih, mulane sakehe pambudi-dayane angsal damel.


Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.


wong iku padha takon dalan menyang Sion, parane mrana: Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah, nunggal ing prajanjian kang langgeng, kang ora bisa dilalekake.


Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”


Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.


Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,


Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.


Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.


ora karo para leluhur kita anggone Sang Yehuwah damel prasetyan iku, nanging karo kita, iya kita, kang ana ing kene ing dina iki, kita kabeh kang isih padha urip.


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.


Kabeh kang wus kaprentahake dening Nabi Musa ora ana satembung bae kang ora diwaos dening Senapati Yusak ana ing ngarepe pasamuwane Israel kabeh, sarta ing ngarepe para wong wadon lan bocah-bocah, tuwin bangsa ngamanca kang padha melu ing lakune.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan