Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 29:8 - Kitab Sutji

8 sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 29:8
9 Iomraidhean Croise  

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


sarta tanahe diparingake dadi tanah-pusaka, tanah-pusaka marang Israel, umate.


Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”


Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.


Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan