Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 29:5 - Kitab Sutji

5 Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 29:5
13 Iomraidhean Croise  

Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.


umate diudani mana minangka pangane, sarta padha diparingi gandum saka ing langit;


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.


dene anak-anakira bakal padha nglambrang kayadene pangon ana ing pasamunan kene lawase patang puluh taun, bakal padha nanggung kamursalanira, nganti sira wus padha mati tumpes-tapis ana ing pasamunan kene.


Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawe iku wus sapantese yen tampa pituwas.


Nalika taun kang kaping patang puluh sasi sawelas tanggal sapisan Nabi Musa ngandikani wong Israel miturut dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah tumrap wong Israel;


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Sandhanganmu ora dadi lawas, lan sikilmu ora nganti abuh ing sajrone patang puluh taun iki.


Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”


sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan