Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 29:12 - Kitab Sutji

12 padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 29:12
14 Iomraidhean Croise  

Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.


Ing dina iku uga Senapati Yusak damel prajanjian karo wong-wong mau sarta damel katetepan lan pranatan ana ing Sikhem kono.


Anadene kang dakkatutake ing prasetyan kang kanthi supaos iku ora mung kowe dhewe,


anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;


supaya ing dina iki kowe diangkata dadi umat kagungane sarta Panjenengane dadia Gusti Allahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe lan kaya kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.


Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane.


Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan