Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 29:1 - Kitab Sutji

1 Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 29:1
24 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ing sacedhake saka sarta nganakake prajanjian ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, bakal mbangun miturut marang Pangeran Yehuwah lan netepi dhawuhe, pranatan-pranatane lan katetepan-katetepane kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawa sarta bakal netepi pangandikaning prajanjian kang katulis ana ing kitab mau. Anadene rakyat kabeh padha nyengkuyung prajanjian iku.


Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe, sarta mukjijat ana ing tanah Kham.


“Rungokna surasane prasetyan iki lan iku dhawuhna marang wong Yehuda lan saisine kutha Yerusalem!


Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana!


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Lan Ingsun bakal ngulungake para wong kang nerak prajanjianingSun lan ora nuhoni isining prajanjian, kang digawe ana ing ngarsaningSun kanthi nyigar pedhet dadi loro, sarta banjur lumaku ing antaraning sigarane,


Kaya mangkono iku katetepan lan pranatan sarta angger-angger kang padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kang tumindak ana ing antarane Panjenengane lan wong Israel ana ing gunung Sinai lumantar Nabi Musa.


Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.


Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.


Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.


Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”


padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;


Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,


Sang Yehuwah bakal misahake wong iku saka ing sakehe talere Israel supaya kataman ing bilai, ngetrepi sumpah prasetyan kang katulisan ana ing kitab Toret iki.


Ing kono bakal ana kang mangsuli: Iku marga saka anggone padha nyingkur marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, yaiku prajanjian kang kadamel karo wong-wong iku nalika padha kaentasake saka ing tanah Mesir;


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.


Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.


ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.


Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan