Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:9 - Kitab Sutji

9 Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:9
17 Iomraidhean Croise  

karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.


Nanging bab Sion diwartakake: “Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,” lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.


pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.”


Iku bakal padha diarani ing wong “bangsa kang suci”, “para tetebusane Pangeran Yehuwah”, dene kowe bakal kasebut “kang digoleki”, “kutha kang ora ditinggal”.


supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan