Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:8 - Kitab Sutji

8 Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:8
22 Iomraidhean Croise  

Wangsulane: “Manawa Yehuwah ora mitulungi sira, apa kang ingsun paringake marang sira? Apa saka panuton utawa saka ing pamipitan anggur?”


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu!


Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.


Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi, menda kawula sami bebranahana dados ewon, dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!


Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung, sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka; kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.


Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari, sanes tanganipun ingkang murugaken unggul, nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka, sabab sami damel rena Paduka.


Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.


Sira bakal isih padha mangan tandhon pangan saka panen kang dhisik, lan kang dhisik iku lagi sira wetokake, manawa kang anyar wus sira simpen.


Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse –, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna


Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”


Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?


Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.


nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”


Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.


Dadi ing antaramu aja nganti ana wong miskin, marga Sang Yehuwah mesthi bakal ngluberake berkahe marang kowe ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi tanah-pusakamu;


Sang Yehuwah bakal ndhatengake laknat, dahuru lan bebendu ana ing antaranira tumrap sakehe pagawean kang sira tandangi, nganti sira tumpes lan sirna kanthi enggal, marga saka panggawenira kang ala, anggonira mungkur ninggal marang Ingsun.


Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan