Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:7 - Kitab Sutji

7 Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:7
21 Iomraidhean Croise  

Bareng wis repet-repet tumuli padha ngadeg lan padha lumebu menyang ing pabarisane wong Aram. Nanging nalika tekan ing pinggiring papan pabarisane wong Aram, ing kono wus ora ana wonge.


Sang Prabu Yosafat akedhaton ana ing Yerusalem. Panjenengane tindak mider-mider ing wilayah-wilayah, wiwit saka ing Bersyeba nganti tekan ing pagunungan Efraim kalawan dhawuh supaya rakyat padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng, sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;


Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika.


Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi.


Bakal binerkahan samangsa kowe lumebu lan bakal kaberkahan samangsa metu.


Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewu lan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu, yen oraa wus padha kaedol dening gunung parange lan diulungake dening Sang Yehuwah.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.


Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan