Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:53 - Kitab Sutji

53 Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:53
11 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal damel para wong iku padha mangan daginge anak-anake lanang lan wadon, lan saben wong mangan daginge kancane ing sajrone nandhang kasusahan lan karibedan, jalaran saka mungsuh-mungsuhe tuwin para wong kang padha ngarah nyawane.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa, sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika, punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak, inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan; punapa imam tuwin nabi kedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran?


Tangane wong wadon kang welasan wus padha ngolah anak-anake, kanggo pangane nalika putrining bangsaku rusak.


Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.


Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.


Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.


Bakal kena ing laknat wohing wetenganmu lan pametuning palemahanmu, anak-anake sapimu lan wetengane wedhusmu.


Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,


nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.


marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan