PANGANDHARING TORET 28:51 - Kitab Sutji51 kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu. Faic an caibideil |
lan tutura marang para kang padha manggon ing nagara iki mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah bab para wong Yerusalem kang ana ing tanah Israel: Iku bakal padha mangan pangane kalawan ati sumelang lan ngombe banyu kalawan ati kang susah banget, supaya tanahe dadi sepi mamring, awit isine wus sirna, marga saka panganiayane para wong kang padha manggon ing kono kabeh.
Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.