Para mungsuhe padha nguwasani, lan satrune padha seneng-seneng. Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah, marga akeh panerake; anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrune kayadene tawanan.
Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake.